9 Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Keluarga Besar hingga RT dan Doanya

9 Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Keluarga Besar hingga RT dan Doanya

Desi Rahmawati - detikJateng
Kamis, 26 Mar 2026 15:50 WIB
Ilustrasi Halal Bihalal
Ilustrasi Halal Bihalal. (Foto: Gemini AI)
Solo -

Halal bihalal menjadi salah satu tradisi yang tidak terpisahkan dari perayaan Idul Fitri di Indonesia. Momen ini dimanfaatkan untuk saling memaafkan dan mempererat silaturahmi baik di lingkungan keluarga, kantor, hingga masyarakat seperti RT.

Dalam pelaksanaannya, acara halal bihalal biasanya dilengkapi dengan pembacaan ikrar sebagai bentuk ungkapan permohonan maaf secara bersama-sama. Selain itu, doa juga menjadi bagian penting untuk memohon keberkahan, ampunan, dan kebaikan kepada Allah SWT.

Bagi masyarakat Jawa, ikrar halal bihalal tersebut biasanya diucapkan menggunakan bahasa Jawa yang sopan dan tulus. Sebelum mengucapkan ikrar ini, diperlukan susunan kata yang tepat agar permohonan maaf tersampaikan dengan baik. Berikut ini contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa untuk keluarga hingga RT dan doanya yang bisa disesuaikan oleh kebutuhan detikers.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Keluarga Besar

Berikut contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa untuk keluarga besar di Idul Fitri yang dihimpun dari dokumen Ikrar Halal Bihalal Keluarga Trah Eyang Surodimejo dan dokumen Ikrar Halal Bihalal dan Permohonan Maaf oleh Itoksuminto Itok

ADVERTISEMENT

Contoh Pertama

Bismillahirrohmannirrohim.

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Kanthi nyuwun Ridhoning Allah SWT, Kito sedoyo keluarga Trah Eyang Surodimejo ingkang wonten papan meniko sami-sami nglenggono gadahi salah, khilaf lan doso. Kanthi iklasing manah, kito sedoyo sae ingkang sepuh punopo anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis setunggal dumateng sanesipun.

Taqoballahu minna wa minkum, minal aidzin walfaizin

1. Kanthi Raos bingah, soho tulusing manah, kulo nyuwun pangapunten sedoyo kesalahan kulo, lahir punopo batos, Ingkang dipun sengojo punopo ingkang mboten dipun sengojo dumateng sedoyo keluargo Trah Eyang Surodimejo.

2. Kanthi Raos bingah, soho tulusing manah, kulo sedoyo ikhlas ngaturi pangapunten sedoyo kesalahan dumateng keluarga Trah Eyang Surodimejo.

3. Mugi-mugi Allah ngijabahi lan paring pangapunten dateng kito sami lan mugi kito sedoyo wangsul dateng Fitroh, mugi Allah tansah bimbing dumateng kito sedoyo dateng kasaenan lan pangibadahan.

Amin ya robbal alamin.

Aakhirul Kalam, Billahi Tafik Wal Hidayah.

Wasssalamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Kedua

Bismillahirrohmanirrohim.

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh.

Ashadualla Illaha Illallah Wa Asyadu Anna Muhammadan 'Abduhu Warasuluh.

Dumateng panjenenganipun Brayat Ageng Trah Eyang Truno Pawiro soho tamu undangan sedoyo ingkang dipun mulyakaken Allah SWT.

Kepareng kula matur minangka sulih salira saking Brayat Ageng Trah Eyang Truno Pawiro.

1. Sepindah Dumateng Simbah/Bp/ibu/pakde/bude ngaturaken Sungkem Pangabekti Kawula.

2. Kaping kalih ngaturaken sugeng Riyadi 1 Syawal 1446 Η.

3. Kaping tiganipun, kula sekulawarga kanthi nglenggona anggadahi kalepatan ingkang dipun sengojo, lan boten dipun sengojo, soho saking kulo pribadi utawi saking kulawargi. Sae saking lesan utawi tulisan ing mriki kulo pinongko wakil kanthi sanget Nyuwun Pangapunten Sedaya Kalepatan lahir tulusinng batos. Dumateng Brayat Ageng Trah Eyang Truno Pawiro Sumrambah ing sedayanipun

4. Kaping sekawan, monggo sareng-sareng nyenyuwun dumateng ngarsanipun gusti Alloh SWT, nedahaken dumateng kaleresan, kasaenan saged nindakaken sedoyo dhawuh-dhawuhipun gusti Alloh SWT, saha saged nebihi awisan-awisannipun. Ing pagajab dadoso golonganipun tiyang-tiyang bejo ndonyo dumugi akhirat. Aamiin.

Mekaten inking saget kaula aturaken. Manawi atur kawula kathah kiranging totokromo lan subosito kulo sak estu nyuwun angunge samudro pangaksami.

Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh.

Contoh Ketiga

Assalamu'alaikum warahmautullahi wabarokatuh.

Alhamdulillahi rabbil alamin, wash shalatu was salamu alaa asyrafil anbiyai wal mursalin, wa'ala aalihi wa ash-habihi ajma'in.. amma ba'du,

Dumateng ngarsanipun para rawuh ingkang minulya, Alhamdulillah sumangga puji lan syukur kita aturaken dumatheng Allah SWT, awit saking kewelasan-Ipun kita sedaya keparing kasempaten makempal wonten menika papan kanthi saperlu ngawontenaken acara arisan ngiras pantes acara halal bihalal Brayat Ageng Trah Eyang Wongso Rejo meniko.

Sholawat saha salam mugi tansah katetepna dematheng Nabi junjungan kita Nabi Muhammad SAW, keluarga, sohabat, saha para penderek kalebet kula sedaya.

Sagung para rawuh Rahimakumullah, Sepisan, kita ngaturaken agungeng panuwun awit saking kerawuhan panjenengan sedaya. Mugi niat ikhlas panjenengan sedaya tindak saking griya dumugi ing papan menika kacatet dados satunggaling amal kesaenan datheng Allah SWT.

Sampun saprayoginipun kita sedoyo anggadahi sifat welas saha asih tumrap sesami, ingkang sampun temtu salebet gesang saben dinten anggadahi raos khliaf, klintu ugi dosa satunggal lan satunggalipun.

Kanthi puniko kito ikhlas ikrar halal bi halal ingkang kaleres sepuh punopo engkang langkung anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten. Antawis satunggal dumateng sanesipun mugi Allah SWT paring ridho dateng lampah ingkang pinuji puniko kanthi kairing dongo:

Taqobblallaahu mina waminkum. Minal Aidin Wal Faidzin

Mugi kito sadoyo wangsul dateng litroh lan Allah SWT tansah bimbing dumateng kito dateng kasaenan lan pangibadahan. Sae ibadah ingkang langsung dumateng Allah SWT punopo dene srawung gesang wonten ngalam donyo.

Wonten kesempatan puniko ugi badhe lipun isi siraman rohani "Hikmahipun Halal Bihalal" konjuk dening bapak Kyai Ahmad Budiarto, S.Kom.I saking laladan Purwodadi.

Saderengipun saestu kita aturaken agungeng panuwun dhumateng bopo kyai kerso rawuh ugi nyaosi tausiah dhateng Brayat Ageng Trah Eyang Wongso Rejo meniko.

Kulo pribadi ugi panitia, wonten kesempatan menika ugi nyuwun agungeng pangapunten menawi wonten samukawis ingkang kirang nujuprana ing penggalih para rawuh.

Mugi-mugi Allah SWT paring pangapunten dosa ugi kalepatan kita sedaya ugi nyaosaken kekiyatan dhzohir ugi bathin. Aamiin..

Akhirulkałam, Wabilahitaufiq walhidayah

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Kantor

Berikut contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa untuk acara permohonan maaf di kantor yang dihimpun dari dokumen Ikrar Halal Bihalal Keluarga dan Kantor oleh Qi Ali Naseh.

Contoh Pertama

Bismillahirrahmanirrahiim

Duh Allah Pangeran kulo, Sedoyo Pangalembono Kunjuk Wonten Ngarso Paduko Wonten ing dinten meniko, kulo sami silaturrahmi, Saperlu Halal Bihalal apuro ing apuran,

Dumateng Bapak/Ibu engkang kaleres sepuh Kulo ngaturaken raos bektos kulo, Dhumateng kadang sesami, Kulo ngaturaken salam takdzim kulo, Dateng adik-adik engkang kaleres anem, Kulo ngaturaken raos tresno kulo.

Wonten dinten Riadin Fitri meniko Kulo nglenggono sedoyo kalepatan soho kekhilafan kulo. dhateng panjenengan sedoyo.

Awit saking meniko, kanthi tulusing manah, Lahir terusing batos, Kulo nyuwun agunging pangaksami Dhateng panjenengan sedoyo.

Mbok bilih panjenengan sedoyo, Kagungan kalepatan soho kekhilafan dateng kulo; Saestu kanthi longgaring manah, kulo caos pangapunten Dhateng panjenengan sedoyo.

Mugi Allah SWT. Tansah paring pitedah saha pitulungan dateng kita Sahingga kita saged njagi iman soho taqwa kita, Ibadah soho amal sholeh kito;

Mugi Allah SWT. Tansah nampi amal ibadah kito, Tansah paring pangapunten dateng sedoyo doso kalepatan kito, tansah nampi taubat kito tansah paring ijabah dateng sedoyo panyuwunan kito.

Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah Waqina 'adza bannar, Amien.

Contoh Kedua

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ing saklajengipun, kula nyuwun pangapunten ingkang setulus-tulusipun, lahir saha batin.

Menawi wonten lepat, kekirangan, saha tumindak ingkang boten mranani, ingkang kasengaja utawi boten kasengaja, mugi kersa dipunpangapunten.

Mugi momen menika saged dados sarana ngiyataken silaturahmi, ningkataken kerukunan, saha ndadosaken kita langkung sae ing sesambetan lan pakaryan.

Mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten dhumateng kita sedaya, paring berkah lan rahmat, saha nuntun kita ing dalan ingkang leres.

Mugi kita tansah pinaringan kesehatan, katentreman, lan kasuksesan. Aamiin ya rabbal 'alamin.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Ketiga

Bismillahirrahmannirahim.

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ing wekdal menika, kula minangka wakil saking karyawan ngaturaken sugeng riyadi Idul Fitri.

Minal 'aidin wal faizin, mugi kita sedaya pinaringan pangapunten saha kaberkahan.

Kula nyuwun pangapunten lahir saha batin dhumateng pimpinan saha sedaya rencang sedaya.

Menawi wonten lepat, kekirangan, saha tumindak ingkang kirang mranani ing salebeting pakaryan, mugi kersa dipunapunteni kanthi tulus.

Mugi momen menika saged dados sarana ngiyataken silaturahmi lan kebersamaan, saengga kita saged makarya langkung sae, kompak, lan tanggung jawab.

Mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten, rahmat, saha berkah dhumateng kita sedaya, lan paring lancar ing sedaya pakaryan kita.

Mugi kita tansah pinaringan kesehatan lan katentreman. Aamiin ya rabbal 'alamin.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk RT

Berikut contoh ikrar halal bihalal dalam bahasa Jawa untuk acara Halal Bihalal di lingkup RT yang dihimpun dari buku Gati Wicara oleh Suwardi Endraswara dan dokumen berjudul Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa oleh Bharata.

Contoh Pertama

Nuwun keparenga, kanthi anoraga kula makili kanca-kanca wiranem, sepisan ngaturaken sembah sungkem katur para sepuh, sedherek sepuh, para wredha, lsp...kaping kalih, sedaya kalepatan kula sakanca ingkang kajarag lan boten, ingkang wujud solah bawa muna-muni, klebet ingkang teksih karendhem ing manah, nyuwun leburing pangapunten ing dinten riyadi menika. Salajengipun para putra wayah, nyuwun tambahing berkah saha donga pangestu, mu-gi-mugi idham-idhaman kula sakanca para taruna saged kasemba-dan ing sedya, lulus raharja nir ing rubeda. Cekap semanten, mbok-bilih kathah wor suh saha kithaling basa, kula ugi nyuwun rumenta-hing sih pangapunten.

Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT Ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa wonten ngarsanipun sagung para lenggah jamaah bani ahmad mursid. Para pepundhen ingkang dahat kinabekten, sumrambah kadang-kadang wiranem ingkang minulya. Keparenga kula nyuwun lilah, inggih mundhi dhawuh, kinen makili para kadang mudha. Ingkang sepisan, para putra wi-ranem, wayah, buyut bani ahmad mursid sadaya, ing dinten riyaya Idul Fitri 1426 H menika ngaturaken sungkem pangabekti dhuma-teng para sepuh, kinanthen atur taqabalallahu minal wa minkum ya minkum minal aidin wal fa'izin.

Kaping kalih, nyuwun pengestu, mugi-mugi menapa ingkang kula jangka ing taun ngajeng tansah pikantuk ridhonipun Allah SWT. Tambah sregep anggenipun ngibadah, mbiyantu dhumateng tiyang sepuh, saha ngugemi budi pekerti luhur. Makaten ingkang saged kula aturaken, manawi kathah sasar-susuring tembung, kula namung cumadhong ing aksama.

Akhirul salam, billahi taufik wal hidayah wassalamu 'alaikum wr.wb.

Contoh Kedua

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ing dinten ingkang kathah berkah menika, kula minangka wakil warga RT nyuwun pangapunten ingkang ageng.

Menawi wonten lepat, kekirangan, saha kalepatan, ingkang kasengaja utawi boten kasengaja, mugi kersa dipunpangapunten kanthi tulus lan ikhlas.

Kula ugi nyuwun supados kita sedaya saged miwiti malih sesambetan kanthi langkung rukun, guyub, lan tentrem.

Mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kita sedaya, paring berkah lan rahmat, saha njagi kerukunan warga RT kita.

Mugi kita tansah pinaringan kesehatan, rezeki ingkang berkah, lan katentreman ing gesang. Aamiin.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Ketiga

Bismillahirrahmaanirrahiim

Kanthi nyuwun ridhonipun Allah SWT kita sedaya ingkang lenggah samia nglenggana gadahi salah, khilaf, lan dosa.

Kanthi punika kita ikhlas ikrar halal bi halal sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis satunggal dumateng sancsipun mugi Allah SWT paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga:

Taqoballahu minna wa minkum, minal aidzin wal faidzin

Mugi kita sedaya wangsul dateng fitrah lan Allah tansah bimbing dumateng kita dateng kasaenan lan pangibadahan.

Amiin Allahuma Amiin.

Doa Halal Bihalal

Ketika acara halal bihalal, masyarakat juga kerap melantunkan doa memohon ampunan dan berkah kepada Allah SWT. Dikutip dari buku Doa-Doa dalam Acara Resmi, Keagamaan, dan Kemasyarakatan oleh Chasan Umar, berikut doa yang bisa dibaca ketika acara Halal Bihalal.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ وَسَلَّمْ وَرَضِيَ اللَّهُ تَبَارَكَ وَتَعَالَى عَنْ سَادَاتِنَا وَعَنْ أَصْحَابِ رَسُوْلِ اللَّهِ أَجْمَعِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلَاتَنَا وَصِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَقِرَاءَتَنَا وَزَكَاتَنَا وَصَدَقَاتِنَا بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ . اللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَخَطَايَانَا أَنْتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَأَنْتَ خَيْرُ الْغَافِرِينَ. وَاجْعَلْنَا يَا اللَّهُ مِنَ الْعَائِدِينَ وَالْفَائِزِينَ وَالْمَقْبُوْلِينَ وَالْمَغْفُورِينَ وَادْخِلْنَا فِي زُمْرَةِ عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ، رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

Latin: Allāhumma ṣalli wa sallim 'alā sayyidinā Muḥammad, sayyidil-awwalīna wal-ākhirīn wa sallim, wa raḍiyallāhu tabāraka wa ta'ālā 'an sādatinā wa 'an aṣḥābir-Rasūlillāhi ajma'īn. Wal-ḥamdu lillāhi rabbil-'ālamīn. Allāhumma taqabbal minnā ṣalātanā wa ṣiyāmanā wa qiyāmanā wa qirā'atanā wa zakātanā wa ṣadaqātanā, biraḥmatika yā arḥamar-rāḥimīn. Allāhumma ighfir lanā dhunūbanā wa kaffir 'annā sayyi'ātinā wa khaṭāyānā, anta waliyyunā faghfir lanā warḥamnā wa anta khayrul-ghāfirīn. Waj'alnā yā Allāhu minal-'āidīn wal-fāizīn wal-maqbūlīn wal-maghfūrīn, wa adkhilnā fī zumrati 'ibādikaṣ-ṣāliḥīn. Rabbana taqabbal minnā innaka antas-samī'ul-'alīm, wa tub 'alainā innaka antat-tawwābur-raḥīm. Wal-ḥamdu lillāhi rabbil-'ālamīn.

Arti dalam bahasa Jawa: "Kanthi asma Allah ingkang Maha Asih lan Maha Welas. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka tansah maringi rahmat saha karaharjan dhumateng junjungan kula Nabi Muhammad, pimpinanipun para nabi saking jaman rumiyin dumugi pungkasan. Mugi Paduka ugi maringi ridha, berkah, saha karaharjan dhumateng junjungan kula lan sedaya para sahabatipun Rasulullah. Sedaya puji kagunganipun Allah, Pangeraning jagad sakabehe. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka kersa nampi shalat kula, puasa kula, ibadah kula, waosan Al-Qur'an kula, zakat kula, saha sedekah kula kanthi limpahan rahmat Paduka, dhuh Gusti ingkang Maha Asih ing antawisipun para ingkang asih.

Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka ngapunten sedaya dosa kula, ngilangaken sedaya kalepatan lan kasalahan kula. Paduka ingkang paring pituduh dhumateng kula, mila mugi Paduka kersa ngapunten lan maringi rahmat dhumateng kula, awit Paduka punika Ingkang Maha Paring Pangapunten. Mugi Paduka ndadosaken kula kalebet golongan tiyang ingkang bali dhateng kesucian, pikantuk kabagyan awit dipun tampi sedaya amalipun, saha dipunapunteni dosa-dosanipun. Ugi mugi Paduka nglebokaken kula wonten ing golongan para kawula Paduka ingkang saleh. Dhuh Pangeran kula, mugi Paduka kersa nampi sedaya amal ibadah kula, awit Paduka punika Maha Mirengaken lan Maha Ngertos. Lan mugi Paduka ugi nampi tobat kula, awit Paduka punika Maha Nampi tobat saha Maha Asih. Lan sedaya puji kagunganipun Allah, Pangeraning jagad sakabehe."

Arti dalam bahasa Indonesia: "Dengan nama Allah yang Maha Pengasih lagi Maha Penyayang. Ya Allah, limpahkanlah rahmat dan keselamatan atas junjungan kami Nabi Muhammad, penghulu orang-orang dahulu dan terkemudian, semoga Allah melimpahkan keridhaan, keberkahan dan kesejahteraan junjungan kita dan semua sahabat Rasulullah. Segala puji bagi Allah Tuhan semesta alam. Ya Allah, terimalah salat kami, puasa kami, ibadah kami, bacaan Al-Qur'an kami, zakat kami dan sedekah kami dengan limpahan rahmat-Mu wahai sebaik-baik Penyayang dari para penyayang. Ya Allah ampunilah dosa-dosa kami, hapuskanlah kejelekan serta kesalahan kami, Engkaulah yang memimpin kami, maka ampunilah kami dan berilah kami rahmat dan Engkaulah Pemberi ampun yang sebaik-baiknya. Jadikanlah kami ya Allah, menjadi golongan orang-orang yang kembali pada kesucian, berbahagia diterima (segala amalnya), dan diampuni dosa-dosanya, serta masukkanlah kami dalam golongan para hamba-Mu yang saleh-saleh. Ya Tuhan kami terimalah daripada kami (amalan kami), sesungguhnya Engkaulah yang Maha Mendengar lagi Maha Mengetahui. Dan terimalah tobat kami, sesungguhnya Engkaulah yang Maha Penerima taubat lagi Maha Penyayang. Dan segala puji bagi Allah Tuhan seru sekalian alam."

Itulah beberapa contoh ikrar halal bihalal dalam bahasa Jawa untuk keluarga hingga RT beserta doanya. Semoga membantu detikers!

Artikel ini ditulis oleh Desi Rahmawati peserta Program MagangHub Bersertifikat dari Kemnaker di BeritaKlik.




(sto/apu)
Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 


Hide Ads