7 Khutbah Idul Fitri 2026 Bahasa Jawa Singkat, Terbaru, dan Penuh Nasihat

7 Khutbah Idul Fitri 2026 Bahasa Jawa Singkat, Terbaru, dan Penuh Nasihat

Khofifah Azzahro - detikJogja
Rabu, 18 Mar 2026 09:59 WIB
Ilustrasi Khutbah Idul Fitri.
Ilustrasi Khutbah Idul Fitri (Foto: Mohammed Alim/Pexels)
Jogja -

Khutbah merupakan ceramah atau pidato keagamaan yang biasanya berisi nasihat, ajakan, dan pesan moral untuk meningkatkan ketakwaan dan keimanan umat Islam. Khutbah umumnya menjadi bagian dari ibadah, salah satunya dalam gelaran sholat Idul Fitri.

Khutbah Idul Fitri biasanya disampaikan oleh khatib usai sholat Idul Fitri dirampungkan. Di beberapa daerah, khutbah disampaikan menggunakan bahasa Jawa agar lebih mudah dipahami oleh jemaah. Penggunaan bahasa daerah ini juga menjadi cara efektif untuk menyampaikan pesan-pesan keagamaan.

Berhubung Idul Fitri 2026 sudah semakin dekat, para khatib mesti bersiap-siap membuat teks khutbahnya. Menyiapkan khutbah Idul Fitri merupakan persoalan yang tidak mudah karena harus sesuai dengan syariat agama Islam. Sebagai referensi, di bawah ini kumpulan khutbah bahasa Jawa Idul Fitri 2026 yang dihimpun dari laman NU Online dan NU Cilacap.

SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT

Kumpulan Khutbah Idul Fitri 2026 Bahasa Jawa

Khutbah #1: Sapa iku Wong kang Menang ing Dina Riyaya?

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah, Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta'ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos mboten saget kita etung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat lan ati kang bungah. Sebab dinten menika kita sami ngrayaake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha rasa bungah.

ADVERTISEMENT

Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta'ala.

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta'ala.

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)

للهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Wonten ing Idul Fitri menika, ugi katah ingkang mastani kalian dinten kemenangan. Dipun wastani mekaten, sebab sak derengipun kita sedaya, sampun nindhaake ibadah pasa wajib ing wulan Ramadhan. Nalika pasa menika, kita ngeker sedaya perkawis ingkang mbatalke pasa. Mulai saking dhahar, ngunjuk, saha perkawis sanese ingkang saget batalke pasa, mulai wekdal shubuh ngantos maghrib.

Saksampunipun nglampahi ibadah pasa wajib ing wulan Ramadhan, mangka hasilipun kita bakal angsal ketakwaan marang Allah ta'ala. Kados dene dhawuhe Gusti Allah swt wonten ing surat Al Baqarah ayat 183 :

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Artosipun: "Wong-wong mukmin difardhuake poso. Koyo olehe poso mau difardhuake ingatase umat-umat sakdurunge (umat Nabi Muhammad Saw.) Supoyo (wong-wong mukmin) podho takwa marang Allah ta'ala."

Takwa menikadados standar paling inggilkemuliaanemenungsa. Inna akramakum 'indallâhi atqâkum. Ingdalempasa Ramadhan, takwa menikambotensagetdipunperkoleh, namungkelawanngempetluwe lan ngelak. Nanging, ugikanthingempetnglampahiperkawisawon, kadosdenengrasani, ngapusi, nglaranimarangliyan, lan sanesipun. Rasulullah saw uginate paring pangandikan

كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوعُ

Artosipun: "Akeh wong kang pasa, nanging ora entuk apa-apa saking pasane, kajaba rasa luwe," (HR Imam Ahmad)

Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah,

Kajaba kanggene tiyang ingkang pasa Ramadhan, tiyang takwa menika saget dipun titeni tanda-tandane. Wonten ing Al-Qur'an sampun dijelaske tanda-tandane tiyang ingkan takwa. Kados dene ing Surat Ali Imran:

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَـــافِينَ عَنِ النَّــاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُـحْسِنِــينَ

Artosipun: "Yaiku wong-wong kang padha nafkahke (bandane) nalika gampang lan angel, lan wong-wong kang padha bisa ngempet muring-muring, lan wong-wong kang padha ngapura (kesalahane) manungsa. Allah ta'ala iku remen marang wong kang padha gawe becik." (QS Ali Imran: 134)

Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah,

Ayat menika nerangake tiga sifat wong kang takwa. Pertama, yaiku tiyang kang padha nafkahke bandane ing dalan taat marang Gusti Allah. Ing dalem wektu gampang lan angel. Utawi nalika keadaan seneng utawi susah, piyambake saget tetep istiqamah.

Tiyang ingkang takwa, mesti mboten bakal mikirke awake dewe, ananing ugi keluargane, tangga tepalih, ugi dhateng sinten mbutuhke pitulungan, langkung-langkung dhateng tiyang fakir miskin. Nalika Ramadhan lan Idul Fitri, sifate tiyang ingkang takwa ingkang pertama menika dipun wujudaken, paling mboten kelawan kita ngedalake zakat fitrah.

Tandane wong kang takwa, ingkang nomer kalih, inggih punika saget ngempet muring-muring. Nesu utawi muring-muring sejatosipun perkara ingkang manusiawi. Ananging kagem tiyang ingkang takwa, piyambakipun saget ngempet utawi mboten ngumbar, menawi nesu utawi muring-muring.

Menika dipun ibarataken kalian termos, ingkang saget nyimpen utawa ndelikake rasa panas. Semanten ugi, tiyang ingkang takwa, piyambake saget ndelikake rasa panas utawi anyel. Ugi saget ngedalake rasa panas menika ing wekdal kang pas, kangge perkawis ingkang maslahat, nalika dipun butuhake. Ing mangka, wulan Ramadhan kedahipun saget dados wekdal kangge nglatih amarah kita.

Kaitanipun kalian ngendalike amarah. Kanjeng Nabi Saw, nate tanglet dhateng para sahabat, sinten iku petarung sejati. Sahabat padha jawab, petarung sejati yaiku wong kang iso menang nalika dikeroyok wong akeh. Ananging jawabane saking Kanjeng Nabi :

لَيْسَ ذَلِكَ وَلَكِنَّ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَه عِنْدَ الغَضَبِ

Artosipun: "Ora ngunu kui, nanging petarung sejati yaiku wong kang iso ngatur (ngendalike) ing awake, nalikane nesu," (HR Muslim).

Tanda ingkang nomer tiga, saking tiyang ingkang takwa yaiku padha ngapura (kesalahane) manungsa. Idul Fitri menika ugi dados wekdal ingkang sahe kangge kita padha nyuwun pangapura. Sak sampune kita ngresiki awak kita saking dosa, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kita sampurnaaken kanthi lebure dosa kita marang sepadha.

Dhawuhipun Allah ta'ala wonten ing Surat Al-A'raf ayat 199:

خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ

Artosipun: "Dadio sliramu (Muhammad) wong sing (seneng) ngapura lan supaya nglakoni perkara kang becik ugi mengoho saka wong-wong kang bodho."

Nalika kita nyuwun ngapura, mboten ateges kita kalah utawi lemah. Ugi menawi kita caos pangapura, mboten ateges kita ingkang langkung sahe. Dhawuhipun Kanjeng Nabi ingkang sanese: َ

مَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلاَّ عِزًّا

Artosipun: "Ora bakal ana tambahan (ganjaran) liya saking Gusti Allah dhateng tiyang ingkang pangapura, kajaba namung kamulyan."

Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan menika. Mugi-mugi kita sedaya didadosaken Allah ta'ala, kalebet tiyang ingkang takwa, begja dunya lan akhirat. Dingapura sedaya dosa kita. Ditampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dikempalke Allah sareng keluarga, guru-guru kita, lan Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing Suwarganipun Allah ta'ala. Amin. Allahumma amin.

Khutbah #2: Nguri-nguri Tradisi wonten Dinten Suci

Jamaah Shalat Idul Fitri ingkangminulyo

Ing dinten ingkang mulyo meniko, monggo tansah ngungkapaken raos syukur dateng Allah swt ingkang sampun paring anugerah arupi keimanan, kesehatan, lan sedoyo nikmat ingkang mboten saged kito etang setunggal-setunggalipun. Sedoyo nikmat meniko kedah kito syukuri kelawan maos Alhamdulillah, lajeng dipun yakini wonten ing manah kito lan dipun wujudaken wonten ing tumindak lampah kito.

Setunggalipun nikmat Allah ingkang sampun nyoto kito raosaken sakmeniko inggih puniko umur panjang sehinggo kita saged kepanggih dinten riyoyo tahun niki. Katah sederek-sederek kito ingkang mboten saged kempal sareng kito lan mboten kepanggih dinten ingkang fitri kranten sampun dipun timbali deneng Allah swt. Ugi katah tiyang ingkang mboten saged sareng-sareng mangayubagyo wonten ing lebaran meniko kranten tasih dipun uji deneng Allah arupi sakit lan musibah lintunipun.

Jamaah Shalat Idul Fitri ingkang minulyo

Wonten ing dinten meniko, kito dipun perintahaken Allah supados ngatah-ngatahaken takbir, ngagungaken asmanipun Allah kanti nyadari bilih kito meniko makhluk ingkang alit lan lemah. Sedoyo ingkang kito lampahi wonten ing dunyo meniko sampun dipun atur dening Allah.

وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

Artosipun, "Genepono wilangan wulan lan ngagungono siro marang Gusti Allah (kelawan takbir) kanthi pituduh Allah marang siro supados siro syukur". (QS Al-Baqarah: 185).

اللهُ أَكْبَرُ ٣× لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Ma'asyiralmusliminwalmuslimat, jama'ah shalat Idul Fitri ingkangminulyo

Kejobo saking ngatah-ngatahaken takbir, tahmid, lan tahlil, kito ugi dipun perintahaken ngamalaken sunnah-sunnah lan ibadah wonten ing Idul Fitri. Ibadah meniko mboten anamung ibadah mahdoh ingkang sampun dipun atur tatacaranipun. Ibadah meniko ugi kalebet ibadah ghairu mahdoh ingkang mboten dipun atur tata caranipun kados sedekah, mbantu tiang lintu, ugi bebrayan kelawan tingkah laku ingkang sae.

Ibadah mahdoh meniko sering dipun lakoni sesarengan kalian tradisi ingkang biasanipun dipun lampahi wonten ing masing-masing daerah. Tradisi ingkang sae ingkang sampun dipun lampahi wonten ing Idul Fitri meniko kedah kito uri-uri lan ugi dipun warisaken dateng lare-lare kangge dados ciri kebudayaan ingkang luhur. Ulama ngendiko:

اَلْمُحَافَظَةُ عَلَى الْقَدِيْمِ الصَّالِحْ وَاْلاَخْذُ بِالْجَدِيْدِ اْلاَصْلَحِ

Artosipun, "Ngrawat perkawis lawas (tradisi) ingkang sae lan mundut perkawis enggal ingkang luwih sae".

Katah sanget tradisi riyoyo ingkang sae dipun lakoni wonten ing Indonesia. Tradisi utowo kebiasaan sae meniko kados tradisi silaturahmi (sowan) saksampunipun shalat Id teng nggriyonipun tonggo teparo lan sanak kadang. Meniko kedah kito uri-uri kranten katah manfaat lan maslahatipun. Kejobo dados wujud raos bungah wonten ing lebaran, tradisi silaturahmi meniko saged dipun dadosaken panggenan kangge ngapuro lan nyuci dosa dateng tiyang lintu.

Lajeng, nopo alasanipun kito sami saling ngapuro wonten ing riyoyo meniko? Wonten ing riyoyo, sedoyo tiyang ngraos jembar dodonipun sinaoso tiyang ingkang atos atinipun. Pramilo meniko dados wedal ingkang tepat kranten sedoyo tiyang saged tulus lan ikhlas ngapuro dateng tiyang lintu lan tiyang lintu nyukani ngapuro dateng kito. Kejobo niku, ngapuro dateng tiyang lintu ugi dados perintahipun Rasulullah lan nggadahi keutamaan. Wonten ing hadits riwayat Imam At-Thabarani wonten ing kitab Al-Mu'jamul Kabir dipun sebataken:

مَنْ أُعْطِيَ فَشَكَرَ، وَابْتُلِيَ فَصَبَرَ، وَظَلَمَ فَاسْتَغْفَرَ، وَظُلِمَ فَغَفَرَ، ثُمَّ سَكَتَ، فَقَالُوْا: يَا رَسُوْلَ اللهِ، مَا لَهُ؟ قَالَ: أُولئِكَ لَهُمُ الْأَمْنُ وَهُمْ مُهْتَدُوْنَ (رَوَاهُ الطَّبَرَانِيُّ)

Artosipun, "Sopo wonge diwei lan syukur, diuji lan sabar, agawe dzalim lan nyuwun ngapuro, didzalimi lan ngewei pangapuro, (lajeng mendel Rasulullah). Sahabat sami tanglet: "Ya Rasulallah, wonten nopo dateng tiyang meniko?" Rasul njawab: "Wong iku kang arep merkoleh keamanan saking siksa kubur lan akhirat ugo merkoleh pituduh"." (HR At-Thabarani).

اللهُ أَكْبَرُ ٣× لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Ma'asyiralmusliminwalmuslimat, jama'ah shalat Idul Fitri ingkangminulyo

Pramilo, monggo, tradisi-tradisi sae silaturahmi meniko kito kuataken. Ampun ngantos zaman modern ingkang sakniki katah alat komunikasi canggih ndadosaken kito putus silaturahmi lan nggampangaken sowan langsung teng tiyang lintu. Kejobo niku, tradisi-tradisi sae lintunipun wonten ing riyoyo ingkang beragam teng setunggalipun daerah kedah dipun uri-uri.

Keragaman wonten ing dunyo meniko sampun dipun serat deneng Allah swt. Keragaman meniko ampun dipun dadosaken bibit permusuhan. Sakwalikipun, kedah dados wasilah kemaslahatan kangge sedoyo. Allah ngendiko:

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ Artosipun, "He menungso, temen aku (Allah), nyiptaaken siro lanang lan wadon, lan nggawe bongso-bongso lan suku-suku kanggo kenal-mengenal. Temen sing paling mulyo antarane siro kabeh wonten ing sisi Allah inggih puniko ingkang paling takwa. Temen setuhune Allah iku paling ngerti lan teliti." (QS Al Hujurat: 13).

اللهُ أَكْبَرُ ٣× لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Ma'asyiralmusliminwalmuslimat, jama'ah shalat Idul Fitri ingkangminulyo

Lewih-lewih silaturahmi teng tiyang sepah kito ingkang dados jimat kito wonten ing dunyo. Alhamdulillah syukur, kangge ingkang tiyang sepahipun taseh sehat wal afiat. Meniko dados kenikmatan ingkang mboten saged dipun ukur. Kangge tiyang sepahipun ingkang sampun wangsul deneng Allah, kito saged kirim dungo, ziarah wonten ing maqbarahipun. Kito nyuwun dateng Gusti Allah, mugi tiyang sepah kito tansah dipun paringi jembar kubur, dipun tampi amal-amalipun, lan dipun ngapuro duso-dusonipun.

Rasulullah saw ngendiko:

إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلا مِنْ ثَلاثٍ: صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

Artosipun, "Nalikone wafat sopo wong, putus kabeh amale kejobo 3 perkoro: Sedekah jariyah, ilmu kang manfaat, lan dungone anak soleh". (HR Muslim).

Mugi kito saged nguri-nguri tradisi ziarah lan tansah pinaringan keberkahan. Mugi-mugi ing dinten riyoyo meniko duso kito sedoyo dipun pangapuro dateng Allah swt lan kito saged kados terlahir malih kados bayi ingkang mboten nggadahi duso nopo-nopo. Amin.

Khutbah #3: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng

Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo, Wonten pepanggihan injing puniko, monggo kito ngaturaken puji lan syukur dumateng Allah subhanahu wa ta'ala, Pengeran ingkang sampun paring kesempatan dumateng kito sedoyo ngibadah poso Ramadhan sak wulan nutuk, jamaah tarawih lan witir, soho tadarusan ugi sak wulan. Kasyukuran kita sedoyo sampun sak prayoginipun kito lahiraken kanti waosan tahmid sesarengan, alhamdulillahi rabbil alamin.

Wonten awal khutbah puniko mboten kasupen, monggo kito sareng-sareng ningkataken, ngukuhaken, lan nguwataken ketakwaan dumateng gusti Allah, langkung-langkung sak sampunipun ngelampai ngibadah wonten saklebetipun wulan Ramadhan. Ketakwaan kito wonten wulan Ramadhan ingkang sekedik katah sampun meningkat, posonipun katah; sholatipun tambah katah; sedekahipun mundak; nafkah lan perhatianipun dumateng keluarga ugi tambah longgar; seserawunganipun dumateng sederek, tetanggi lan rencang ugi tambah sae; monggo wonten pepanggihan riyoyo injing punika, kito niati, kito tingkataken malih dumugi Ramadhan tahun ngajeng.

Ampun ngantos prestasi ngibadah ritual lan ngibadah sosial ingkang sae puniko, mandek mak jegrek, sesarengan telasipun wulan Ramadhan lan ngincik wulan Syawal wonten injing puniko. Kito sareng-sareng iling dawuhipun Imam Al-Ghazali wonten Kitab Ihya Ulumiddin, juz IV koco 382:

لَا خَيْرَ فِيْ خَيْرٍ لَا يَدُوْمُ، بَلْ شَرٌّ لَا يَدُوْمُ خَيْرٌ مِنْ خَيْرٍ لَا يَدُوْمُ

Artosipun, "Mboten wonten kesaenan ingdalem kesaenan ingkang mboten langgeng. Malah perkawis awon ingkang mboten langgeng, langkung sae tinimbang kesaenan ingkang mboten langgeng."

Ngibadah niku sae, poso sae, shalat sae, shodaqoh sae, srawung niku sae, nyekapi kebutuhan, paring kalonggaran, lan perhatian kasih sayang dumateng keluargo niku sae. Ananging menawi ngantos mandek mak jegrek, mboten dilampahi maleh, mboten diajegi, sedoyo wau dados blas mboten wonten saenipun.

Sakwangsulipun, nekat mboten poso niku awon; nekat mboten shalat, nekat nglarani rencang, nekat mboten ngopeni keluargo, niku babar blas mboten sae. Tapi menawi kok mandek mak jegrek, kapok mboten mangsuli malih perkawis-perkawis awon puniko, sedoyo dados sae.

Ingkang nekat mboten poso Ramadhan enggal-enggal nyaur utang poso mulai tanggal kalih (2) Syawal. Ingkang tasih glang-gling shalatipun mulai kerso sinahu mbiasaaken sholat, langkung-langkung mulai nyicil nyaur utang sholat ingkang kadung dipun tilar. Ingkang wonten perkawis kalih rencang, tetanggi utawi sederek, kerso ngerintis solusi ingkang paling memungkinkan. Ingkang wekdal-wekdal kepengker tasih kirang anggenipun paring nafkah lan perhatian dumateng keluargo, mulai kerso usaha pados nafkah ingkang halal lan langkung cekap, saha kerso paring perhatian ingkang lebih dumateng garwo lan poro putro.

Sedoyo perkawis awon kolo wau, menawi mboten dipun lampahi malih, menawi dipun kapoki, mandek mak jegrek, sedoyo dados sae. Malah langkung sae tinimbang ngibadah lan kesaenan ingkang mandek mboten berlanjut. Sedoyo puniko, keranten keawonan ingkang mboten langgeng, menawi mandek mak jegrek, puniko mbeto kebungahan. Sakwangsulipun, kesaenan ingkang mboten langgeng, menawi mandek mak jegrek, punika bade ndugeaken kesusahan.

Penyair agung asal Kufah Irak, Abut Thoyyib Al-Mutanabbi (ingkang sedo tahun 354 H), ndawuhaken wonten salah setunggal syairipun:

أَشَدُّ الغَمِّ عِنْدِيْ فِي سُرُورٍ * تَيَقَّنَ عَنْهُ صَاحِبُهُ انْتِقَالًا

Artosipun, "Kesusahan ingkang paling abot, inggih kesusahan ingdalem kebungahan ingkang enggal sirno."

Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi kesaenan, sakyektosipun bade enggal sirno. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi ngibadah, bade dumugeaken kesusahan. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi amal sholeh, bade dados kesusahan ingkang langgeng. Na'udzubillahi, naudzubillahi min dzalik.

Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,

Sinaoso amal sholeh punika sae, tapi kedah dipun ukur lan wonten istirahatipun. Islam ngajaraken poso, tarawih, lan darusan sak wulan nutuk; ananging Islam ugi ngajaraken istirahat saking poso, sholat, lan darusan. Malah Islam ngaromaken poso wonten dinten riyoyo Idul Fitri puniko.

Sepindah wekdal, Sayyidina Abu Bakar wonten dinten riyoyo nuweni putrinipun, injih puniko Sayyidah Aisyah, garwo Kanjeng Agung Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam. Abu Bakar tratapan sanget, kranten wonten ngajeng Aisyah, wonten saklebetipun griyo Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam, wonten lare estri kalih nyanyeaken lagon-lagon.

Mboten sronto ningali kahanan puniko, Abu Bakar duko sak duko-dukonipun:

أَبِمُزْمُورِ الشَّيْطَانِ فِى بَيْتِ رَسُولِ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم

Artosipun, "Onoto lagon-lagon setan dinyanyeake ono griyone Rasulullah shallalahu 'alaihi wasallam?" Ningali moro sepuh duko-duko mekaten, Rasulullah shallalahu 'alaihi wasallam dawuh: يَا أَبَا بَكْرٍ، إِنَّ لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدًا وَهَذَا عِيْدُنَا Artosipun, "Abu Bakar, temen saestu angger-angger masyarakat gadah riyoyo piyambak-piyambak; lan dinten niki, dinten riyoyo kito umat Islam." (Hadits riwayat Imam Al-Bukhari lan Muslim).

Maksudipun punopo dawuh Kanjeng Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam puniko?

Mboten lintu, maksudipun inggih sampun sakwajaripun, menawi wonten saklebetipun dinten riyoyo, umat Islam ngelahiraken kebungahan. Saget kanti nyanyeaken lagon-lagon kanthi tetap njogo perilaku lan akhlak ingkang sae, ngobrol-ngobrol ringan, dahar-dahar, utawi hiburan lintu-lintu nipun. Semisal photo-photo lan mendet video sareng-sareng, utawi pelesir wonten panggenan-panggenan ingkang ngremenaken manah.

Catetanipun namung setunggal, pokok mboten maksiat lan nyarak kesopanan, wujud kebungahan kados puniko angsal-angsal mawon.

Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,

Monggo dinten riyoyo puniko kito manfaataken sak sae-saenipun. Kangge silaturrahim, nepung pasederean, saling berkunjung, lan pados hiburan ingkang ngremenaken manah.

Mangke, menawi sampun cekap seminggu kalih minggu, kito wangsul malih wonten pendamelan piyambak-piyambak. Ingkang sekolah utawi mondok, wangsul sekolah lan mondok malih. Ingkang nyambut damel, wangsul nyambut damel malih, wonten sabin, pasar, sekolah, kantor utawi pabrik. Ingkang sakmeniko wangsul mudik, mangke wangsul wonten kuthonipun piyambak-piyambak.

Sedoyo wangsul nyambut damel malih kanthi mbeto kebungahan, kebahagiaan, lan tentunipun mbeto peningkatan keimanan lan ketakwaan dumateng Allah subhanahu wa ta'ala.

Mugi-mugi ngibadah kito saklebetipun wulan Ramadhan lan dinten riyoyo Idul Fitri puniko, ugi silaturahim lan ngapuran-ngapuranan kito sedoyo, nitisaken berkah kangge kito, berkah kangge keluargo kito, berkah kangge bondo kito, berkah kangge ngamal kito, lan berkah kangge gesang kito sedoyo. Syukur-syukur kito waget manggihi Ramadhan lan riyoyo tahun ngajeng, kanti kesarasan, kesuksesan, lan karaharjan. Amin, amin, amin, ya rabbal 'alamin.

Khutbah #4: Pratandhane Tiyang Mukmin, Gadahi Sifat Langkung Becik Sakbibare Ramadhan

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulya Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta'ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos kita mboten saget ngetung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita pinaringan nikmat, arupi saget makempal sareng-sareng kulawarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat wal afiat lan ati kang bungah.

Sebab dinten menika kita sami ngraya'ake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kathah berkah saha rasa bungah. Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta'ala.

Wonten ing pambuka khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan ninda'ake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta'ala. Dhawuhipun Allah ta'ala:

وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (Surat Al-Baqarah ayat 197).

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Nembe mawon, kita sampun rampung nglampahi ibadah pasa ing wulan Ramadhan. Ibadah pasa punika, gadahi tujuan supados kita dados tiyang ingkang saget ngeker hawa nafsu saha mbersihake lahir lan batin. Ugi supados kita dados tiyang kang paripurna, inggih punika tiyang kang iman lan takwa marang Allah Swt.

Iman lan takwa punika kedah dipun buktiaken, kanthi nglampahi amal ibadah kang istiqamah lan ikhlas. Menika, kados ingkang sampun asring kita aturke saben dinten nalika maos doa iftitah ing shalat:

إِنَّ صَلَاتِى وَنُسُكِى وَمَحْيَاىَ وَمَمَاتِى لِلّٰهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِينَ

Artosipun, "Saktemene shalat ingsun, ibadah ingsun, urip ingsun, lan mati ingsun iku namung kagem Gusti Allah, kang Mengerani sedaya alam kabeh."

Kanthi ibadah pasa, ugi saget dadosaken kita tiyang kang paripurna ing dalem ngugemi agama, tegese gadahi perubahan sifate, saking sifat kang awon dados becik.

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Perubahan sifat kang awon dados becik punika pratandhane tiyang kang mukmin, kados dene salah setunggale kisah ing zaman Kanjeng Nabi Muhammad saw. Wonten sakwijining dina, wonten tiyang ingkang dereng mlebet agami Islam, sowan dhateng Kanjeng Nabi.

Kanjeng Nabi lajeng maringi suguhan arupi susu, ingkang dipun unjuk kalian tamune wau. Nalika, susune ing gelas sampun telas, Kanjeng Nabi maringi malih susu, lan dipun telaske ngantos dumugi pitu (7) gelas lan akhire tamu punika pamit kondur. Lajeng, wonten ing wekdal sanese, tamu menika sowan malih dhateng Kanjeng Nabi. Ananging wonten ing wekdal sakmenika, piyambake sampun mlebet agami Islam. Dipun suguh malih sakgelas susu.

Lajeng dipun unjuk kalian tamu. Badhe dipun suguhi malih. Tamu ingkang sampun dados sahabat punika malah mboten kersa ngunjuk malih. Piyambake matur, punika sak gelas susu sampun cekap. Lajeng Kanjeng Nabi paring pangandikan:

الْمُؤْمِنُ يَشْرَبُ فِي مِعًى وَاحِدٍ وَالْكَافِرُ يَشْرَبُ فِي سَبْعَةِ أَمْعَاءٍ

Artosipun, "Wong mukmin, iku (ngrasa cukup) ngombe ing dalem siji (gelas) banyu, lan anapun wong kafir iku (bakal krasa nembe puas) ngombe ing pitu (gelas) pira-pira banyu." (Riwayat Imam Muslim).

Kisah punika maringi kita pelajaran, mestine bakal kathah perubahan, nalika tiyang kang taksih duweni sifat jahiliyah lajeng dados tiyang kang mukmin. Sifat tamak berubah dados sifat qanaah.

Pramila, mestine ugi tumerap tiyang kang sampun rampung nglampahi ibadah pasa, bakal wonten perubahan sifat kang langkung sahe, tinimbang sakderenge pasa.

Sebab kanthi ngeker saking perkara kang mbatalake pasa, paling mboten kita saget jaga saking tiga perkawis kang saget dados sumbere mala. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan:

إِنَّ مِمَّا أَخْشَى عَلَيْكُمْ شَهَوَاتِ الْغَيِّ فِي بُطُونِكُمْ وَفُرُوجِكُمْ وَمُضِلَّاتِ الْهَوَى

Artosipun, "Saktemene ingsun (Kanjeng Nabi) iku khawatir ingatase sliramu kabeh, saking pira-pira syahwat ing dalem weteng lan farjine sira kabeh, lan hawa nafsu kang bakal nyasarke." (HR Ahmad).

Sampun ngantos kita dados budak hawa nafsu ing akhire gadah sifat konsumerisme, tamak, lan sapadhane. Utawi mboten saget jaga farji, ing akhire kathah sanget fenomena perselingkuhan, zina, seks bebas, lan liya-liyane. Na'udzubillahi min dzalik. Tiyang ingkang uripe namung nuruti hawa nafsu bakal angsal siksa saking Gusti. Dhawuhipun Allah swt:

وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَلَى النَّارِۗ اَذْهَبْتُمْ طَيِّبٰتِكُمْ فِيْ حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُمْ بِهَاۚ فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ بِمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَفْسُقُوْنَࣖ

Artosipun, "Ana ing dina wong-wong kafir den suguhake (weruhake) neraka. Dheweke mahu padha den ngendikani: sira kabeh wis padha anelasake kesenengan ira kabeh ana ing dunya, sarana anggon ira kabeh katungkul seneng-seneng sakjerone urip ana ing alam dunya. Mula ana ing dina iki, sira kabeh diwales rupa siksa kang ina, sebab anggon ira kabeh padha gumedhe ana ing bumine Allah, tanpa alesan sing bener. Lan uga sebab anggon sira kabeh padha fasik," (Surat Al-Ahqaf ayat 20).

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah Tiyang ingkang saget mengendalikan hawa nafsu, piyambake bakal dados tiyang kang bersih, begja lan slamet utawi ingkang dipun wastani fitrah. Kanthi fitrah menika, kita bakal angsal kabegjan lan kesuksesan lahir batin. Lan kangge mensyukuri nikmat punika, mangga kita ngathah-ngathahaken maos takbir lan dzikir, ngagungake asmane Allah.

Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan menika. Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga. Mugi-mugi kita sedaya didadosaken Allah ta'ala, kalebet tiyang ingkang takwa, begja dunya lan akhirat. Dingapura sedaya dosa kita. Ditampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dikempalke Allah sareng keluarga, guru-guru kita, lan Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing suwarganipun Allah ta'ala. Amin. Allahumma amin.

Khutbah #5: Ganjaran Kamulyan Ngapuran-Ngapuranan lan Nepung Paseduluran

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah Sedaya puji namعng kagunganipun Allah ta'ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos mboten saget kita etung peparingan saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat lan ati kang bungah, sebab dinten menika kita sami ngrayaake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha rasa bungah.

Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta'ala.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Gusti Allah ta'ala nyiptaake makhluk termasuk menungsa kang gadahi sifat kang beda-beda. Wonten ing Al-Qur'an Surat Al-Hujurat ayat 13:

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

Artosipun: "Hei para manungsa, saktemene Ingsun (Allah) iku nitahake sira kabeh saking wong lanang (Nabi Adam as) lan wong wadon (Siti Hawa). Lan Ingsun ndadeake sira kabeh, dadi pirang-pirang bangsa lan kabilah (suku), supaya sira kabeh padha kenal-mengenal. Sejatine kang luwih mulya saking sira kabeh mungguhe Allah, yaiku wong kang luwih takwa. Saktemene Allah iku Maha Pirsa saha Maha Waspada."

Wonten ing ayat punika dipuntegesaken bilih Allah ta'ala ndadosaken macem-macem menungsa, mboten namung beda fisik kados dene rambut, warna kulit, utawi gedhe cilike awak. Nanging ugi beda ing dalem pemikiran, pendapat, lan pemahaman.

Kados dene, ing dalem memahami teks agama wonten ing Al-Qur'an lan sunahe Kanjeng Nabi Muhammad saw. Ugi beda pandangan ing dalem nafsiraken dalil saha tata cara nentuaken awal saha akhir bulan Hijriah. Beda pendapat ingkang kados mekaten, kedah kita sikapi kanthi manah lan ilmu pemahaman ingkang jembar.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Wonten ing Dinten Riyaya punika, lumrahipun dados dinten kangge makempal, silaturahim nepung paseduluran. Nepung paseduluran utawi silaturahim punika perkawis ingkang sahe, ingkang sampun didhawuhake Kanjeng Nabi Muhammad saw:

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَ يُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

Artosipun: "Sinten tiyang ingkang remen dijembarke rizkine lan didawake umure, mangka prayogane padha silaturahim (nepung paseduluran)."

Nepungke paseduluran, ateges mboten namung sedulur kandung utawi tunggal trah, ananging ugi sedulur ing dalem tunggal agama (ukhuwah Islamiyah), tunggal bangsa (ukhuwah wathoniyah), lan tunggal utawi padha menungsane (ukhuwah basyariah). Paseduluran ingkang guyub, akhire ndadosake keluarga rukun, ndadosake warga rukun, ndadosake umat rukun, lan ndadosake negara rukun.

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Idul Fitri menika ugi dados wekdal ingkang sahe kangge kita padha nyuwun pangapura. Sak sampune kita ngresiki awak kita saking dosa, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kita sampurnaaken kanthi lebure dosa kita marang sepadha. Dhawuhipun Allah ta'ala wonten ing Surat Al-A'raf ayat 199:

خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ

Artosipun: "Dadio sliramu (Muhammad) wong sing (seneng) ngapura lan supaya nglakoni perkara kang becik ugi mengoho saka wong-wong kang bodho."

Nalika kita nyuwun ngapura, mboten ateges kita kalah utawi lemah. Ugi menawi kita caos ngapura, mboten ateges kita ingkang langkung sahe. Dhawuhipun Kanjeng Nabi ingkang sanese:

وَمَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلاَّ عِزًّا

Artosipun: "Ora bakal ana tambahan (ganjaran) liya saking Gusti Allah dhateng tiyang ingkang pangapura, kejaba namung kamulyan.

Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan menika. Mugi-mugi kita sedaya didadosaken Allah ta'ala, kalebet tiyang ingkang begja dunya lan akhirat. Dingapura sedaya dosa kita. Ditampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dikempalke Allah sareng keluarga, guru-guru kita, lan Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing Suwarganipun Allah ta'ala. Amin, allahumma amin.

Khutbah #6: Riyadine Wong Syukur lan Sabar

Hadirin Jamaah Idul Fitri ingkang minulya

Mangga kita sareng-sareng ningkatake raos takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun supados pikantuk kabegjan dunya akhirat. Wonten injang menika kita sedaya keluberan bahagia lan kaberkahan kranten dinten menika waosan takbir tahmid dikumandangaken wonten daerah pundi kemawon.

Dinten ingkang dipun wastani idul fitri menika dintene bebungah, lan dinten makempale sedaya umat Islam sami ngaturake pengapura. Kahanan menika kedah dibarengi raos syukur dumateng Gusti Allah amargi paring kita saget kepanggih tiyang sepah, sederek, tetanggi, manah jembar lan welas asih antawis sedulur muslim.

Gusti Allah dawuh:

وَإِن تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (النحل: ١٨)

Artosipun: Lamun sira kabeh arep ngitung nikmate Allah, mongko sira kabeh ora bakal isa ngitung, saktemene Gusti Allah iku dzat pengapura tur welas asih.

Peparing arupi iman, Islam, paseduluran, guyub, rukun lan tulung-tinulung menika setengah saking nikmat agung ingkang sering kita laliaken. Sejatine nikmat kasebat niku kedah disyukuri kanti tindak lampah ingkang sae, ngabekti dumateng perintah Gusti Allah lan dawuh Rasulullah.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah

puasa Ramadhan ngelatih kita supados dados tiyang ingkang syukur lan sabar; Syukur saget ngeraosaken nikmate buka puasa nalikane dumugi maghrib; Sabar saget ngeker dahar nginum, serto sedaya perkawis ingkang saget mbatalake puasa.

Sabar menika sampun disebataken wonten surat Al-Baqarah ayat 153:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ

Artosipun: Hei Wong kang sami iman, amrih pitulungo sira kabeh (dumateng Gusti Allah) kelawan sifat sabar lan shalat, saktemene Gusti Allah sertane Wong kang sami sabar.

Ayat menika negesaken bilih Wong kang sami iman dipun printah nyuwun pitulung Gusti Allah supados diparingi sifat sabar ingatase nebihi pendamelan maksiat, dosa, lan sedaya coba ingkang tumibo. Lan dipun paringi ajeg shalat amergi saget nyegah tindak lampah awon. Ringkese, tiyang ingkang ngelampahi sabar disarengi pitulunge Gusti Allah.

Lajeng ayat babakan syukur dipun sebataken wonten surat Luqman, ayat 12:

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ

Artosipun: Lan ingsun (Allah) wes paring ilmu hikmah maring Luqman, tegese, syukuro dumateng Gusti Allah, lan sapa wonge syukur dumateng Allah, mongko saktemene wong iku syukur maring awake dewe, lan sapa wonge ora syukur, mongko saktemene Gusti Allah iku dzat kang semugih tur pinuji.

Sebagian ulama tafsir nyebatake Ilmu hikmah ingkang diparingake dateng Luqman nggih menika paham babakan agama. Lajeng kedah dipun syukuri. Syukur artose ngelem, muji nikmate Gusti Allah.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Hadirin ingkang minulya

Sifat syukur lan sabar dipun ngendikaaken Kanjeng Nabi wonten Sahih Muslim:

عَنْ عَبْدِ الرَّحْمَنِ بْنِ أَبِي لَيْلَى عَنْ صُهَيْبٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لِأَحَدٍ إِلَّا لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Artosipun: Saking Abdurrahman bin Abi Laila saking Suhaib, piyambake dawuh, Rasulullah ngendiko: Buh gawuk tenan marang perkarane wong mukmin, saktemene sekabehane perkarane wong mukmin iku apik lan ora ana wong liya kang nduweni kejaba wong mukmin; nalika merkoleh kesenengan, mongko syukur lan iku apik tumrap piyambake; nalika katimpa musibah, mongko sabar lan iku apik tumrap piyambake

Dinten ingkang kita lampahi sakmangken saget diwastani dinten riyadine tiyang ingkang syukur lan sabar, keranten tiyang ingkang angsal kesenengan arupi jembar rejekine lan tiyang ingkang susah mergo musibah dipun kempalake ingdalem tulung-tinulung, welas asih, sahingga sedaya sami muji, ngelem dumateng Gusti Allah.

Akhiripun, tiyang ingkang angsal kesenangan saget berbagi kaliyan tiyang ingkang susah mergo musibah lan saget ditulung kaliyan tiyang ingkang jembar rejeki lan manahipun. Saking menika sabar lan syukur saget ditularaken kesaenane kagem sinten kimawon. Mugi kita kalebet kawulane Gusti Allah ingkang syukur lan sabar. Amiin.

Khutbah #7: Mbiasaaken Amaliyah Ramadhan

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya!

Langkung rumiyin kawula aturaken

مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بْخَيْرٍ وَعَافِيَّةٍ تَقَبَلَ اللهُ مِنَا وَمِنْكُم:

mugi Allah kersa nampi siam lan ibadah-ibadah kita sanesipun.

Sak terasipun, kita minangka tiyang Islam dipun dhawuhi supados dados tiyang Islam ingkang sae. Tiyang Islam ingkang sae inggih punika ingkang ndadosaken wucalan Islam minangka cepengan lan tuntunan gesangipun. Punapa ingkang dipun wucalaken Islam, punika ingkang dipun amalaken. Dipun ngendikaaken gampil nanging angel sanget cak-cakanipun.

Mila punika, sayektosipun, supados setunggaling tiyang saged dados tiyang Islam ingkang sae, tiyang wau kedah teras-terasan mbiyasaaken nglampahi punapa ingkang kedah dipun lampahi. Kanthi punika, punapa ingkang dipun wucalaken Islam kedah kita lampahi, mangkenipun dados kebiasaan kita, kita lampahi, ngantos upaminipun wonten setunggal perkawis kemawon wucalan Islam ingkang mboten utawi dereng kita lampahi, kita ngraos kados taksih gadhah utang, manah dereng plong.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.

Bukti bilih kangge saged ngleksanaaken wucalan Islam perlu dipun biasaaken saged dipun tingali saking kados pundi caranipun Islam ngajari shalat lare alit. Sak derengipun lare umur pitung tahun, kinten-kinten lare wau sampun wonten Taman Kanak-kanak, tiyang sepuh kedah sampun mucali lare wau tatacara shalat lan ubaram penipun.

Dados, wekdalipun lare mlebet umur pitung taun kirang kalih setengah sasi, tiyang sepuh wajib ngajak lare punika shalat, tiap wekdal shalat. Mekaten teras ngantos lare mlebet umur sedasa taun kirang tigang sasi sedasa dinten. wekdalipun lare mlebet umur punika, dhawuh supados tiyang sepuh ngajak lare shalat tambah keras. Menawi sak derengipun punika, lare dipun ajak shalat dereng purun, tiyang sepuh dereng dipun dawuhi punapa-punapa malih.

Ananingin wekdalipun mlebet umur sedasa taun kirang sekedhik, tiyang sepuh dipun dhawuhi ngerasi lare ingkang dereng purun shalat wau. Dados, tigang taun wekdal kangge mbiasaaken lare purun nglampahi shalat lan sak sampunipun punika malah tiyang sepuh kadhawuhan ngerasi lare ingkang mbeling, mboten purun shalat.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.

Semanten ugi mbiasaaken lare purun siam. Kawula yakin, asal mboten wonten perkawis ingkang ngganggu, lare umur wolu sangang taun mesthi sampun kiat siam.

Menawi lare umur semanten kok dereng purun siam, punika mesthi jalaran tledhoripun tiyang sepuh, alemanipin lare utawi welasipun tiyang sepuh ingkang mboten sak mesthini pun. Tiyang Jawi rumiyin mastani welas kang tanpa lalis. Kedahipun lare TK sampun dipun jak siam, senajan istilahipun nembe puasa bedhug. Ingkang pokok, lare sampun dipun ngertosaken lan dipun latih nglampahi setunggaling kewajiban nggih punika siam.

Leres, lare alit panci dereng kewajiban siam, mboten dipun latih nggih mboten lepat, tapi tiyang sepuh kan mboten pareng tledhor.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kaum muslimin lan Muslimat ingkang minulya.

Ing nginggil wau caranipun supados lare alit biasa nglampahi kewajiban. Shalat perlu wekdal tigang taun, wiwit umur pitung taun ngantos sedasa taun kirang sekedhik. Sedasa ngantos baligh malah kedah dipun kerasi. Dene siam, ngantos pitu napa nem sasi Ramadhan, awit umur wolu sangang taun teras ngantos baligh.

Kangge tiyang sepuh mesthinipun mboten mekaten. Cekap sesasi kemawon minangka penataran lajeng saben sasi Ramadhan minangka penyegaran. Lajeng punapa kemawon ingkang dipun dhawuhi dados kebiasaan kanthi sasi Ramadhan. Mbiasaaken Amaliyah Ramadhan ngandap punika

1.Mbiasaaken infak, mbiasaaken ngirangi arta bandha ingkang dipun miliki kangge tiyang sanes, sami ugi ingkang wajib punapa dene ingkang sunat. Lan punika kangge sedaya tiyang, sami ugi ingkang gadhah utawi mboten. Mbok kita ngertos, zakat fithrah punika dipun wajibaken dhateng sedaaya tiyang? Enem, sepuh, lare, sugih, mlarat sami kemawon, asal wekdal `Iedul Fithri sedinten sedalu piyambake gadhah langkungan kangge nedha piyambake sak kulawarga.

Dene ingkang sunat ImamTirmidzi nerangaken

مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ أَجْرٌ مِثَلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لاَيَنْقُصُ مِنْ أَجْرِ الصَّائِمِ شَىْءٌ.

" Sapa wonge aweh bukan wong pasa wong mau entuk ganjaran kaya wong kang diwei bukan lan ganjarane wong kang diwei bukan iki ora kurang sithik-sithika."

Sak terasipun para ulama nerangaken, bukan punika mboten kedah maregi, saged mawon segelas toya. Dados cetha, meh sedaya tiyang supadoa mbiasaaken infak. Sinten cobi, tiyang ingkang mboten saged infak toya segelas?

2. Mbiasaaken shalat sunat. Sesasi muput kita shalat tarawih sak witiripun. Dados sesasi muput kita diajari mbiasaaken shalat sunat ingkang menawi kita pilihi ingkang sunnah muakkadah thok, artosipun ingkang sanget dipun anjuraken thok, shalat punika mboten langkung kathah timbang tarawih, langkung-langkung wekdalipun pencar-pencar dados sedinten sedalu.

3. Mbiasaaken siam. Kanthi dur-duran sesasi siam dipun ajeng-ajeng mangke- nipun tiyang kulina siam. Dados., nglampahi shalat ingkang sanes fardlu lan siam sanesi- pun Ramadhan perlu dipun kulinaaken. Sahabat ageng kalih, Abu Hurairah dan Abud Darda`, pikantuk pesen mirunggan saking ngarsa dalem Rasulullah saw supados tansah nglampahi tigang perkawis, 1. siam tigang dinten saben sasi; 2. shalat Dluha saben dinten lan 3. shalat Witir sak derengipun tilem.

4. Mbiasaaken tangi ndalu-ndalu, paling mboten sak derengipun Shubuh. Panci sak dangune Ramdlan kita tangi wekdal ndalu perlu sahur. Ning ketingale kok kesanget- en tangi ndalu mung perlu nedha, babar pisan mboten nglampahi ibadah napa to napa, shalat umpaminipun. Langkung-langkung, shalat ndalu senaos namung kalih raka`at ageng sanget fadlilahipun. Langkung-langkung malih wonten tantangan saking Gusti Allah, sinten ingkang nyuwun dateng Panjenenganipun wekdal niku, bakal dipun paringi, sinten nyuwun ngapunten bakal dingapunten.

Mila pantes sanget, sinten siam Ramadhan, kok sak sampunipun punika mboten tambah sae, saged ugi siamipun mboten dipun tampi Gusti Allah, namung angsal ngelih lan ngelak, kados katerangan setunggaling hadits.

Wonten masalah punika ketingalipun sami kalih tiyang tindak haji, sak konduripun ajeg-ajeg mawon, sanget ageng kemungkin anipu hajinipun mboten mabrur, tapi naming saged semerep Tanah Suci. Na`udzu billah!

Demikianlah kumpulan khutbah Idul Fitri dalam Bahasa Jawa dengan berbagai tema, singkat, dan penuh makna yang dapat dijadikan referensi. Semoga bermanfaat, detikers!

Artikel ini ditulis oleh Khofifah Azzahro peserta Program MagangHub Bersertifikat dari Kemnaker di BeritaKlik




(num/ahr)
Berita Terkait

 

 

 

 

 

 

 

 

Hide Ads